4 wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah. 5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhin) 6. panutuping atur/salam. Tanggap Wacana. 1. Salam Pambuka. 2. Purwaka basa ( atur kinurmatan, atur puja-puji, atur panuwun) 3.
Sajrone tanggap wacana pidato, ana sawenehe perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidato,yaiku 1. Salam PambukaSalam pambuka yaiku salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh sapaan tumrap para PurwakaPurwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng Isi utawa Surasa BasaIsi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/ Dudutan kesimpulanDudutan kesimpulan yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing Pangarep-arepPangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing Wasana Basa penutup Wasana penutup yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake. MATERI 1. Pranatacara Saking tembung lingga tata lan cara. Dasanamanipun pranatacara inggih menika panatacara, panata adicara, paniti laksana, pambiwara lan MC. Syarat –syaratipun dados Pranatacara a Nggadhahi kekendelan lan sifat sengguh ora mingkuh. b Nggadhahi ketrampilan ing bab wicara. c Nguwaosi materi ingkang badhe katindakaken. d Nggadhahi prana ingkah ndudut manah. Kejawi menika pranatacara ugi kedah nggadhahi gegebengan kangge jangkepi jejeripun minangka Pranatacara lanthi lampah Malagawa tumindak kanthi trampil trengginas. Matanggap tanggap ing saliring swasana. Malaksana mrebawani Magatra Nggadhahi patrap ingkang prasaja. Mawasta Sengguh ora mingkuh wruhing rasa lan suba sita. Mardawa basa lebda ing bab basa. Mardawa Swara wasis ing pangolahing swara Sanguning Pranatacara 1. Olah swara a Logat ngangge dialek jawa jogja. b Pocapan kudu cetha, las – las,ora bindheng lan ora blero. c Wiramaana cekak dhawa, ngisor nduwur ora mung ajeg. d Wirasa nalika micara nglaras surasa. 2. Olah basa lan sastra pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan lan sapanunggalane. 3. Olah raga pangolahing raga supaya solah bawa utawa tindak tanduke trep karo jiwa panatacara sing empan papan. 4. Olah busana busana kudu trep karo adat lan swasana. Urutan Reroncening acara 1. Salam Pambuka 2. Salam talim= salam pakurmatan 3. Ngaturaken Puji syukur 4. Reroncening acara 5. Panutupan 6. Salam Panutup 2. Tembang Campursari Lelagon campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok, sing mesthi bisa gawe gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo ngelipur uga prasaja lan gampang diapalke. Sing ngiringi saka gamelan lan alat music modheren., loro – lorone ditabuh bebarengan kanthi laras lan kepenak dirungokake. Conto penyanyi campursari ingkang kondhang inggih menika Manthous, Didi kempot, sony joss lan sapanunggalane. Contonipun lagu campursari inggih menika Tanjung Mas Ninggal Janji, Sewu Kutho, Pacobaning urip, Alun- alun Nganjuk lan sapanunggalane. 3. Ngudaraos Ngudaraos atau ngudhar raos inggih menika ngudharaken rasa / uneg – uneg. 4. Tembang Macapat Tembang macapat ugi kasebat sekar alit utawi tembang cilik. Ingkang kasebat tembang cilik wonten 11 inggih menika 1. Mijil ateges metu, miyos utawi lair. Paugeranipun 6 gatra 10 i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u 2. Kinanthi saking lingganing tembung kanthi utawa tubtunlare ingkah taksih balita dipun tuntun/ dipunbimbing. Paugeranipun 6 gatra 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i 3. Sinomtegesipun nem – neman/ pemuda ingkang nedheng – nedhengipun ngudi kawruh. Paugeranipun 9 gatra 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 7i – 12a 4. Asmaradana Para mudha sasampunipun ndungkang diwasa lajeng kastuwuhan raos tresna dhateng tiyang sanes. Paugeranipun 7 gatra 8a – 8i – 8e/o – 8a – 7a – 8u – 8a 5. Gambuh Saking tembung jumbuh/sarujuk/cocog, ingkang tegesipun sampun sarujuk lajeng dipun gathukaken. Paugeranipun 5 gatra 7u – 10u – 12i – 8u – 8o 6. Dhandhanggula tegesipun tiyang ingkang sampun mangun gesang bebrayan nggadhahi idha – idhaman gesang ingkang sarwa sarwi endah. Paugeranipun 10 gatra 10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 8u – 8a – 12i – 7a 7. Durma saking tembung darna/paweweh. Tiyang gesang sasampunipun kacekap kabetahanipun, lajeng wiwit mikir kabetahanipun sesaminipun. Paugeranipun 7 gatra 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i 8. Maskumambang Tiyang ingkang sampun ndungkap sepuh wonten raos mangu – mangu ing manahipun ngetang – etang kathahing tumindhak ingkang awon. Paugeranipun 4 gatra 12i – 6a – 8i – 8a 9. PangkurSaking tembung mungkur/ nyingkur. Nyingkiri hawa napsu Paugeranipun 7 gatra 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8a -8i 10. Megatruh saking tembung megat/pisah lan ruh. pegatipun ruh lan raga Paugeranipun 5 gatra 12u – 8i – 8u – 8i – 8o 11. Pocung Sasampunipun tilar donya dipunbungkus mori pethak. Paugeranipun 4 gatra 12u – 6a – 8i – 12a Paugeran Macapat Guru Wilangan cacahing wanda / suku kata saben gatra. Guru lagu dhong – dhingin swanten ing pungkasaning gatra ing sekar. Guru gatra cacahing gatra saben sakpada. Pada inggih menika bait Laras nadha dasar nyekar saking jinis music diatonis. B. LATIHAN SOAL 1. Pranatacara kedhah nggadhahi patrap ingkang prasaja kasebat… A. Malagawa D. Magatra B. Mawasta E. Malaksana C. Mardawa basa 2. Ingkang dimaksud sengguh ora mingkuh inggih menika, kejawi… A. Tinanggenah D. Jejibahan B. Kajibah E. Mbyawarakaken C. Sesanggen 3. MC ing pelantikan / wisuda lan sapanunggalane kasebat… A. Panatacara D. Pranata Adicara B. Pranatacara E. Protokol C. Pambiwara 4. Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis Sambaté mlas arsa Luhnya marawayan mili Gung tinamêng astanira Tembang ing nduwur kalebet tembang macapat… A. Sinom D. Pocung B. Gambuh E. Megatruh C. Maskumambang 5. Paugeranipun tembang macapat Gambuh inggih menika… A. 5 gatra 7u – 10u – 12i – 8u – 8o B. 6 gatra 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i C. 6 gatra 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u D. 5 gatra 12u – 8i – 8u – 8i – 8o E. 7 gatra 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i 6. Guru wilangan inggih menika… A. Cacahing wanda saben sak gatra. B. Cacahing gatra saben sak pada C. Cacahing gatra saben wanda D. Cacahing pada pada saben tembang E. Dhong – dhonging swanten 7. Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo Najan Mung Sedelo Ora Dadi Ngopo Penting Iso Ngademke Ati Tuladha tembang campursari ing nduwur irah – irahanipun… A. Pacobaning urip D. Kangen kowe B. Layang Swara E. Ketaman asmara C. Tanjung Mas Ninggal Janji 8. Karepku jaluk di esemi… Lanjutanipun tembang campursari menika… A. Mengko gek keri ing jaman B. Tingkah lakumu kudu ngerti cara C. Mbok ya sing eling D. Pancene bener kandhamu E. Aja ditinggalake kapribaden ketimuran 9. Ing ngisor iki penyanyi campursari, kejawi… A. Manthous B. Didi Kempot C. Sunyahni D. Sonny Joss E. Aning Katamsi Kangge nomer 10-12. Prekawis ingkang dumados ing masyarakat bab “kenakalan remaja” mbokbilih langkung damel girising manah/kathah para anem ingkang keblusuk ing tumindak nisthamigunakaken narkoba, damel raja pati, ngrampog, ngrudapeksa, tawur ing mergi awit prakawis ingkang sepele lan tumindhak nistha sanesipun. Awit kawontenan kados mekatenwau, kathah ingkang ngupaya kanthi ngawontenaken seminar, lokakarya ngrembag bab “ kenakalan remaja”, supados sedaya paring kawigatosan. 10. Tuladhanipun “kenakalan remaja” inggih menika, kejawi… A. Sinau kanthi sregep. D. Ngrampog B. Ngrudapeksa E. Damel raja pati C. Tawur 11. Dasanamanipun nistha inggih menika… A. Becik D. awon B. Bombong E. Pawiyatan C. Rumaos menjila 12. Apa upaya kang saged dingge ngatasi “kenakalan remaja.. A. Damel raja pati B. Ngawontenaken seminar C. Tumindhak bombing D. Melu tumidhak nista E. Melu tawuran. KUNCI JAWABAN 7. C 2. E 8. B 3. B 9. E 4. C 5. A 11. D 6. A 12. B PRR SMP KLS IX/9 BAHASA JAWA SEMESTER 1 KUR 2013 A. Kompetensi Inti 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya. 2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli toleransi, gotong royong, santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya. 3. Memahami dan menerapkan pengetahuan faktual, konseptual, dan prosedural berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. 4. Mengolah, menyaji, dan menalar dalam ranah konkret menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat dan ranah abstrak menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi ......... C. Deskripsi Materi Pembelajaran Pertemuan 1 Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta. A. Materi Pembelajaran Wacanen nyaring kanthi lafal, intonasi, lan lagu sing jumbuh karo swasana lan wateke paragane ! ANOMAN DUTA Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati. Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi. “ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.” Saben-saben Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih, mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing Taman Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih. “ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing samubarang sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka ing donya, manungsa sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti wibawa, kabeh raja brana bandha donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama njaluka tumuruning widadari sakethi minangka abdinira, sayekti pun kakang bakal nyembadani. “ Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang Sinta, aluwung tumekaning pati tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu arep kalawan Pangeran Rama, mung wani laku cidra andhustha marang ingsun. Endi tandhane sira ngaku prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana amung wujud buta awatak jirih ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu, sira daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!” Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus. “ Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya Sinta. Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa cintraka. Jer ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age tamakna senjatamu marang dhadhaku heh Dasamuka!!!” Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem kagarwa. Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang mau Sang Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang prihatin, wiwit pisah karo kang garwa ya Dewi Sinta, nganti saiki ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa ratuning wanara. Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang pisah lan ngupadi garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga Trijatha lan para cethi. Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa, kathik pinter ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu. Dewi Sinta mireng tembange mau, temah mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu. Dewi Sinta andangu aris “ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “ “ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.” Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ? Awit nalika ingsun dicidra Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya tanpa wates, tangeh ana titah kang bisa nyusul kejaba Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana supaya apus krama marang ingsun. “ “ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “ Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon logro, ngalih ing jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi. “ Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama, cundhamanik kancing rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan ingsun. Lan iki aturna nawalaningsun marang Pangeran Rama. “ Anoman nampani cundhamanik sarta nawala saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit sarwi ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman ninggal piweling. “ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara. Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “ 2. Negesi Tembung kang Angel Ø Wanodya Wanita Ø Sang Hyang Dewangkara Srengenge Ø Duta Utusan Ø Kisma Lemah Ø Disingitake Didhelikake Ø Dununge Panggonane Ø Kasowanake Diadhepake Ø Penggalihe Atine Ø Rinantu Dienteni Ø Nawala Serat, layang Pertemuan 2 Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta Pertemuan 3 Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta. Pertemuan 4 Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta D. Kegiatan Pembelajaran 1. Pertemuan Pertama a. Kegiatan Pendahuluan 10 menit 1 Guru memberi salam,` Peserta didik merespon salam dari guru 2 Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa 3 Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru 4 Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru 5 Guru menampilkan dan memperkenalkan tokoh-tokoh wayang Ramayana, peserta didik memperhatikan b. Kegiatan Inti 60 menit .................. c. Kegiatan Penutup 10 menit 1 Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini 2 Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang. 3 Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya 2. Pertemuan Kedua a. Kegiatan Pendahuluan 10 menit 1 Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru 2 Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa 3 Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru 4 Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru 5 Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya b. Kegiatan Inti 60 menit .............................................. c. Kegiatan Penutup 10 menit 1 Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini 2 Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang. 3 Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya 3. Pertemuan Ketiga a. Kegiatan Pendahuluan 10 menit 1 Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru 2 Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa 3 Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru 4 Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru 5 Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya b. Kegiatan Inti 60 menit .......................... c. Kegiatan Penutup 10 menit 1 Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini 2 Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang. 3 Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya 4. Pertemuan Keempat a. Kegiatan Pendahuluan 10 menit 1 Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru 2 Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa 3 Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru 4 Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru 5 Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya b. Kegiatan Inti 60 menit ...................................... c. Kegiatan Penutup 10 menit 1 Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini 2 Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang. 3 Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya E. Penilaian A. Penilaian 1. Teknik dan Bentuk Instrumen ............................ 2. Contoh Instrumen Penilaian a. Pengamatan Sikap Lembar Pengamatan Sikap .......................................... Rubrik penilaian sikap ........................................... B. Tes Tertulis Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1 Adhedhasar wacan crita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta, sebutna paraga-paragane lan watake! 2 Anoman diutus Prabu Ramawijaya nggoleki sapa? 3 Apa buktine menawa Anoman iku utusane Prabu Ramawijaya? 4 Anoman diutus Prabu Ramawijaya menyang ngendi? 5 Sebutna piwulang becik apa wae sing bisa kokjupuk saka crita wayang Ramayana Anoman Dhuta! KUNCI JAWABAN ing crita Anoman Dhuta yaiku - Anoman watake sae, tanggung jawab - Dewi Shinta watake setya tuhu marang garwa, sabar - Trijatha watake sabar lan wicaksana - Dasamuka watake angkara murka - Wibisana watake wicaksana 2. Dewi Shinta 3. Buktine yaiku Ali ali kagungane Prabu Ramawijaya 4. Negara Alengka becik ing crita Anoman Dhuta yaiku - Menawa didhawuhi kudu ditindakake kanthi becik - Ora kena tumindak ala, Pedoman Penskoran Saben wangsulan kang bener diwenehi biji menawa bener kabeh bijine 10. C. Media/Alat dan Bahan Pembelajaran o Media Pembelajaran Gambar tokoh wayang Anoman, Sinta, Rama, Dasamuka, dsb. o Alat dan Bahan Pembelajaran Laptop, LCD D. Sumber Belajar o Majalah berbahasa Jawa o Buku teks yang relevan
MATERIBAHASA JAWA KELAS 9 SANDHIWARA TRADHISIONAL. by BANGKIT IRMANUDIN BAHRI on 09 June in Materi. Masarakat Jawa wis kondhang ing babagan seni budayane kang adiluhung, luwih-luwih kang arupa sandhiwara tradhisional. Kesenian Jawa kang sumebar ing masarakat iku maneka warna, kaya ta ludruk, kethoprak, wayang wong, lan maneka warna jinis tarian.
Apa yang Harus Dipelajari di Materi Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 2? Hello Readers! Bagi kalian yang saat ini sedang mempelajari bahasa Jawa, pasti sudah sampai pada materi bahasa Jawa kelas 9 semester 2. Pada semester ini, kalian akan belajar lebih dalam mengenai tata bahasa, kosakata, dan kaidah-kaidah dalam bahasa Jawa. Kalian juga akan diajarkan tentang kesusasteraan dan budaya Jawa. Nah, agar kalian lebih mudah memahami materi ini, mari kita pelajari satu per satu. Tata Bahasa Bahasa Jawa Tata bahasa bahasa Jawa terdiri dari beberapa unsur penting, seperti kata dasar, afiks, imbuhan, dan lain-lain. Pada materi ini, kalian akan mempelajari tentang bentuk kata dalam bahasa Jawa, seperti kata kerja, kata benda, kata sifat, dan lain-lain. Kosakata Bahasa Jawa Materi bahasa Jawa kelas 9 semester 2 juga akan membahas tentang kosakata dalam bahasa Jawa. Kalian akan mempelajari tentang kata ganti, kata tanya, kata seru, dan juga tentang frasa-frasa dalam bahasa Jawa. Kaidah-Kaidah Bahasa Jawa Selain tata bahasa dan kosakata, kalian juga akan mempelajari tentang kaidah-kaidah dalam bahasa Jawa. Kalian akan belajar tentang kaidah pengucapan, kaidah penulisan, serta kaidah-kaidah lainnya dalam bahasa Jawa. Kesusasteraan dan Budaya Jawa Materi bahasa Jawa kelas 9 semester 2 juga akan membahas tentang kesusasteraan dan budaya Jawa. Kalian akan belajar tentang berbagai jenis puisi, pantun, dan dongeng dalam bahasa Jawa. Kalian juga akan mempelajari tentang adat-istiadat dan kebiasaan masyarakat Jawa. Cara Belajar Bahasa Jawa dengan Mudah Untuk memudahkan proses belajar bahasa Jawa, kalian dapat mencoba beberapa cara berikut 1. Membaca buku-buku dalam bahasa Jawa2. Berlatih berbicara dengan orang Jawa asli3. Menonton film atau acara televisi dalam bahasa Jawa4. Mengikuti kursus atau les bahasa Jawa5. Menggunakan aplikasi belajar bahasa Jawa Kesimpulan Demikianlah ulasan mengenai materi bahasa Jawa kelas 9 semester 2. Dalam materi ini, kalian akan mempelajari tentang tata bahasa, kosakata, kaidah-kaidah, serta kesusasteraan dan budaya Jawa. Agar lebih mudah memahami materi ini, kalian dapat mencoba beberapa cara belajar bahasa Jawa dengan mudah yang telah disebutkan di atas. Selamat belajar dan semoga sukses! Sampai Jumpa di Artikel Menarik Lainnya
Namunbiasanya para guru tidak sempat membuat RPP karena beberapa sebab, tapi jangan kawatir kita akan mencarikan link Download RPP Bahasa Jawa Kelas 1 - 6 SD Revisi 2018 Kurikulum 2013 ( Kurtilas ) atau K13 yang mudah mudahan dapat ketemu, namun bila belum ketemu ditandai dengan tidak terbukanya link yang menuju ke file RPP terbaru, tapi kalau sudah di download bisa berarti tandanya kita
SMP Kelas 9/GenapSTANDAR KOMPETENSI1. MendengarkanMampu mendengarkan dam memahami wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa2. BerbicaraMampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan perasaan secara lisan melalui bercerita dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jaa sesuai unggah-ungguh3. MembacaMampu membaca bacaan sastra, non sastra dalam berbagai teknik membaca dan bacaan berhuruf Jawa4. MenulisMampu mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai jenis karangan menggunakan ragam bahasa jawa sesuai unggah-ungguh dan menulis paragraph sederhana berhuruf mendengarkan Membaca pemahaman teks upacara menulis teks pidhatoA. Nyemak1. Nyemak pidhato2. Ngangsu Kawruh Sesorah utawa pidhato wose ngandharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh, ing sawijining adicara tartamtu supaya wong akeh mangerteni isine kanthi ancas tujuan ngajak, nakenake, menehi katrangan lan nyenengake wong sesorah iku ing antarane 1. Atur pambagyaSesorah Kanggo nampa rawuhe para tamu, ana ing acara apa wae, kayata ing pahargyan pesta, syukuran Atur kabar, pawarta utawi informasiInformasi bisa arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab kanggo pamirsa, pramila bab kang kajlentrehake kudu gamblang/ sesorah ing rapat, promosi barang, Atur panglipur / hiburanAncase supaya kang ngrungokake seneng ing layatan, atur saka pambela PangajakAncase supaya kang ngrungokake pitedhah, kapilut atine saengga gelem nindakake apa kang diwedharake wong kang pidhatoKayata panyuluhan kesehatan KB, nyegah sesakit, njaga lingkungan, ngajak senam sehat.5. Aweh panjurung motivasi, tegese nenangi greget supaya kang padha ngrungokake kegugah atine, satemah sengkud-gumregud anggone suka panjurung marang warga karang taruna supaya tansah ngudi samubarang kang murakabi, motivasi kanggo para calon pengusaha supaya tetep nduweni greget anggone tuladha pidhato ing ngisor iki kang diwacakake dening guru/kancamu!Assalamu’alaikum KARANG TARUNAAssamu alaikum Bapak Lurah Tanjungsari ingkang kula kurmati, Bapak Rw, Bapak Rt, tokoh masyarakat ingkang kula kurmati ugi, lan para kadang karang taruna kalurahan Tanjungsari ingkang kula tresnani. Sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat dhumateng sedaya ingkang sami ngrawuhi ing adicara ing dalu punika. Kula minangka pangarsa ingkang dipunpitados ngesuhi para kadang karang taruna ing kalurahan Tanjungsari ngriki, badhe ngaturaken menggah kawigatosan kula matur wonten ngarsa panjenengan sadaya, langkung-langkung dhateng Bapak Lurah Tanjungsari. Sampun kawuningan dening panjenengan bilih anggen kula ngesuhi para kadang karang taruna ngriki sampun ndungkap tigang warsa. Jumbuh kaliyan serat kekancingan saking pangarsaning Kalurahan Tanjungsari, kula kawiwitan winisudha ngesuhi para kadang wiwit surya kaping 18 Agustus ing dalu punika nyarengi surya kaping 19 Agustus 2010 jangkep tigang ing wekdal punika panjenengan sadaya karawuhaken ing ngriki saperlu kasuwun panyengkuyungipun wontenipun pamiling pangarsa ingkang wonten ing serat kekancingan dipunandharaken bilih dangunipun pengurus punika kalih warsa. Sapunika sampun kathah para mudha ing kalurahan ngriki. Ingkang kalih warsa kepengker taksih SD, sapunika sampun dados rumaja tanggung ingkang kathah kreativitasipun. Pramila sinten kemawon ingkang sampun nate ngesuhi dados pangarsa prayoginipun gentosan kaliyan kadang sanes, amrih waradin lan sedaya para mudha nggadhahi pengalaman gladhen mandhegani. Dene adicara pamilihing pangarsa karangtaruna wonten wekdal punika badhe kapandhegani kadang panyitra karang taruna. Wasana cekap semanten atur kula. Ana kupat duduhe santen, sedaya lepat nyuwun Warohmatullahi mandiri 2A. Wangsulana pitakon iki adhedhasar isine pidhato kasebut !1. Sapa sing pidhato mau?Wangsulan ………………………………….Wangsulan ketua karang taruna2. Sapa wae sing rawuh ing pasamuan mau?Wangsulan ………………………………….Wangsulan Bapak Lurah Bapak Rw, Bapak Rt, tokoh masyarakat para kadang karang taruna3. Pidhato kasebut diaturake ana ing acara apa?Wangsulan ………………………………….Wangsulan Wisudha ketua karang taruna kalurahan tanjungsari4. Apa kang diaturake ing pambukaning pidhato?Wangsulan ………………………………….Wangsulan ngaturake pakurmatan kanggo para rawuh lan ngonjukaken puji sukur dhateng Ukara endi manawa sing pidhato nggunakake parikan?Wangsulan ………………………………….Wangsulan Ana kupat duduhe santen, sedaya lepat nyuwun Apa isine layang kekancingan sing magepokan karo karang taruna?Wangsulan ………………………………….Wangsulan suwene dadi penguru karang taruna iku 2 Wayaha apa anggone nindakake pidhato?Wangsulan ………………………………….Wangsulan wengi8. Apa ancase dene sing dadi pangarsaning karangtaruna iki gilir gumanti?Wangsulan ………………………………….Wangsulan supaya kabeh para mudha ndhuweni pengalaman latihan dadi Sapa sing dipercaya mandhegani adicara pilihan pangarsa karang taruna mau?Wangsulan ………………………………….Wangsulan panyitra karang Kepriye panemumu babagan kegiyatan karang taruna ing dhuwur kang nganakake gentian pengurus rong taun sepisan? Coba bandhingna karo karang taruna ing desamu!Wangsulan ………………………………….Wangsulan Miturut Panemu SiswaB. MICARA1. Pidhato2. Ngangsu kawruh Sadurunge nindakake pidhato kudu gawe cengkorongan kang dadi saka telu perangan, yaiku pambuka, isi lan gawe cengkorongan mbabar pidhato, kudu bisa nggatekake bab-bab kaya ing ngisor iki1. Pamedhoting ukara2. SwaraSwara kudu banter lan bisa dirungokake dening pamiarsa3. LafalLafal/vokal/ucapan kudu jelas. Kowe kudu bisa mbedakake swara aksara a, o, d, dh ,t, th lan IntonasiSupaya olehmu pidhato ora mboseni sing ngrungokake, olehe pidhato kudu nggatekake endhek dhuwure swara, alon cepete olehe maca teks Ekspresi/solah bawaNalika pidhato aja mung methentheng wae, nanging praupanmu kudu mesem, ngguyu manut cara metode pidhato iku jinise ana akeh, tatacara iku bisa katindakake kanthi kaya ing ngisor ikia. Cara naskahPidhato kanthi cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung. Cara iki nduweni kekurangan, yaiku kaku amarga antarane pidhato lan pamiyarsa ora bisa bebas anggone padha nyawang sarta lagu ukara intonasi.b. Cara apalanCara iki akeh digunakake dening wong kang nembe ajar pidhato yaiku kanthi cara nyawisake naskah teks banjur Cara impromptuCara iki rada bedha karo loro cara sadurunge yaiku pidhato ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi Cara ekstemporanCara iki namung nganggo cathetan cilik kang isine balunganing karangan. Cara pidhato iki ora ngapalake tembung-tembung nanging bisa ngembangake nganggo basane pidhato Bersih desaAssalammu’alaikum Wr. nuwun,Para pinisepuh lan sesepuh ingkang kinurmatan, para tamu undhangan ingkang kula kurmati, sedaya warga kakung saha putri ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngonjukaken puja-puji sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, awit kanthi kawelasanipun kula panjenengan sedaya taksih saged makempal wonten panggenan mriki kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. ing kalodhangan menika kula minangkani pamundhutipun para sesepuh, para alim ulama, saha kadang kula sedaya wargi dhusun, supados ngaturaken wosing wigati bab pepanggihan ing ndalu sepisan, kula badhe ngaturaken bilih upacara bersih desa ingkang kita wiwiti kanthi reresik griya, pakarangan sakupengipun dhusun, saha makan lan kramatan sampun dados adat kebiyasaan kita ing saben kalih, upacara bersih desa menika mboten ateges kita hura-hura pesta andrawina ing satengahipun panalangsa ugi reribed gesang ingkang samsaya awrat. Kadosta saking prastawa lemah longsor ugi mindhakipun reregan kabetahahn saben dintenipun. Nanging upacara menika mugi saged dados ajang memerih ati, prihatos kita, kangge menggalihaken malih sadaya kalepatan anggenpun kita manembah dhumateng ngarsanipun tiga, upacara bersih desa menika mujudake pengejawantahan saking raos sukur kita dhumateng Gusti ingkang maha Agung. Inggih awit saking kawelasanipun Gusti ingkang akarya jagad, kita sadaya saged olah tetanen saha ingon-ingon sawenehipun sato kewan kangge kaperluwan gesang kita semanten atur saking kula, Mugi-mugi kanthi nindakaken upacara bersih desa menika, desa kita tansah ayem tentrem, pikantuk berkah saking Gusti saha resik saking reregedan. mangga kula derekaken sesanti, jaya-jaya wijayanti memayu hayuning bawana. Mugi Gusti tansah ngluberaken sih katresnan dhumateng kula panjenengan Wr. nuwun,C. MACAMaca batinWacan upacara adat ing ngisor iki wacanen kanthi batin lan premati!Wancine Ngabekti marang Leluhur lan Alam SakiteraneSasi Ruwah utawa sasi arwah tiba ing tanggal 21 Juni 2012 utawa 1 Syaban 1433 H. Tumrap masarakat Jawa, mligine Sasi Ruwah kuwi duwe makna mengeti jasa para leluhur kang wus ndhisiki ing alam baka. Sasi Ruwah bisa dadi wektu kang trep kanggo mengeti budi pekertine para leluhur, para pahlawan kang duwe jasa gedhe yakuwi madege bangsa Indonesia.“Nalika Ruwahan, aku uga ngajak anak-anak, tak critakake sapa sing dikubur, jaman dhisik piye uripe, apa jasa-jasane. Kuwi supaya dheweke dunung sapa leluhure, uga mangerteni jasa-jasane, dadi ora ilang utawa pedhot asal-usule,” kandhane dhosen FSSR UNS, Sisyono Eko WIdodo, Selasa 26/6.Sasi ruwah kuwi uga bisa dadi sasi kang bisa dimaknani wancine resik-resik dhiri lair lan batin. Ngresiki ati lan pikiran dimaknani resik-resik mikrokosmos donya cilik. “Iki bisa dadi sarana resik-resik mikrokosmos lan makrokosmos. Makrokosmos bisa dimaknani resik-resik lingkungan, ing sekitar dhusun, kampung, kuburan, omah. Uga bisa njaga lingkungan kaya alas, kali dadi tetep lestari,” ujare salah sijine yaiku kanthi nguri-uri crita leluhur kang isih urip ing masarakat. Contone nalika ana piwulang kang nyebutake Wit-witan gedhe aja ditegor, ana sing nunggu. Piwulang iku ngandhut makna kang tandhes yaiku wit-witan bisa dadi sumber panguripan, kaya sumber banyu lan hawa kang resik. Bisa dideleng ing sakiterane wit-witan gedhe mesthi ajeg ana sumber banyu utawa sendhang kang banyune migunani tumrap masarakat, bisa dienggo mangsak, umbah-umbah lan kuwi, ruwahan uga dadi sarana pakurmatan lan bekti marang para leluhur. Ruwahan dadi tandha kawicaksanan spiritual kang wus lestari wiwit saka leluhur, yaiku urip kuwi ora thukul utawa tiba saka langit, nanging saka jasa-jasane para leluhur. Jaman dhisik, leluhur padha njaga ilmu, bandha lan alam supaya lestari kanggo generasi candhake. Mula, generasi saiki uga kudu bisa njaga alam supaya bisa diwarisake marang generasi sijine wujud sukur marang leluhur lan Gusti Allah yaiku njaga alam supaya tetep lestari, bisa uga kanthi njaga kahanan. “Sipat kang saiki bisa ngrusak alam yaiku sipat nggragas lan ora duwe rasa marem. Wit-witan ditegori kanthi nepsu. Mula opahe yaiku banjir bandhang. Wit-witan kang bisa dadi sumber banyu utawa sendhang padha ilang, alam dadi ora harmonis, kamangka wong Jawa kuwi nengenake urip kang laras mikrokosmos lan makrokosmos.”Kapethik saka jagad jawa solopos Kamis, 28/6/2012Gladhen mandiriRampungna pitakonan ing ngisor iki adhedhasar isine wacan ing dhuwur !1. Sasi Ruwah utawa sasi arwah iku tiba ing tanggal pira?Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan tanggal 21 Juni 2012 utawa 1 Syaban 1433 H2. Apa maknane Sasi Ruwah Tumrap masarakat Jawa?Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan kanggo mengeti jasa para leluhur kang wus ndhisiki ing alam Kepriye ngendikane Sisyono Eko Widodo wektu diwawancarai wartawan solopos nalika Ruwahan ?Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan “Nalika Ruwahan, aku uga ngajak anak-anak, tak critakake sapa sing dikubur, jaman dhisik piye uripe, apa jasa-jasane. Kuwi supaya dheweke dunung sapa leluhure, uga mangerteni jasa-jasane, dadi ora ilang utawa pedhot asal-usule,”4. Apa bedane ngresiki mikrokosmos lan ngresiki makrokosmos iku miturut Sisyono?Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan mikrokosmos yaiku Ngresiki ati lan pikiran manawa makrokosmos iku resik-resik lingkungan, ing sekitar dhusun, kampung, kuburan, omah lan uga bisa njaga lingkungan kaya alas, kali dadi tetep lestari,5. kepriye panemumu manawa ana pawarta kedadean banjir ing sawijining kutha kang disebabake dening banyu kang ora bisa nlesep ing lemah amarga wit-witan wis padha ditegori?Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan Miturut Panemu Siswa6. Minangka generasi mudha, apa kang kotindakake ing sajroning sasi ruwah? Apa kowe ya padha melu nyadran ing pakuburan? Wenehana alesanmu!Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan Miturut Panemu Siswa7. Apa wae kang bisa kojipuk kekandutane utawa paedahe sawise maca wacan upacara adat ing dhuwur!Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan Miturut Panemu Siswa8. Miturut pamikirmu, coba tulisen dudutan/kesimpulan wacan ing dhuwur!Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan Miturut Panemu SiswaNgangsu Kawruh tembung yogyaswaraTembung yogya swara yaiku tembung loro sing digandheng dadi siji, sing ngarep tiba swara "a", dene sing mburi tiba swara "i", duweni teges lanang mahasiswa-mahasiswi2. gandarwa-gandarwi3. dewa-dewi4. siswa-siswi5. kedhana-kedhini6. hapsara-hapsari7. bathara-bathari8. pemudha-pemudhi9. putra-putri10. raseksa-raseksi11. widadara-widadari12. yaksa-yaksiAnanging ora kabeh tembung dhapukane kaya ing dhuwur iku diarani tembung yogya swara, sabab ana wae sing jenenge wong, kang dhapukane kaya tembung yogya swara. Upamane sudarna-sudarni, sukarna-sukarni, maryana-maryani. Mangka iku dudu tembung yogya swara, sabab iku jenenge wong lan durung mesthi yen tembung iku nuduhake lanang wadon. Amarga ana bae bocah wadon iku jenenge sukarna, nanging kosok baline bareng bocah lanang iku jenenge nulisTeks pidhatoCoba saiki gatekna sepisan maneh teks sesorah “Bersih Desa“ ing ngarep!Teks sesorah ing ngarep kedadean saka saperangan bab kaya ing ngisor iki!1. Uluk salam/ salam pambukaAssalammu’alaikum Wr. nuwun,2. Purwaka basaAtur pakurmatan, Puji syukur dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwasa, Atur Panuwun / ngaturaken ayahanPara pinisepuh lan sesepuh ingkang kinurmatan, para tamu undhangan ingkang kula kurmati, sedaya warga kakung saha putri ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngonjukaken puja-puji sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, awit kanthi kawelasanipun kula panjenengan sedaya taksih saged makempal wonten panggenan mriki kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. Surasane basa / isi pidhatoWonten ing kalodhangan menika kula minangkani pamundhutipun para sesepuh, para alim ulama, saha kadang kula sedaya wargi dhusun, supados ngaturaken wosing wigati bab pepanggihan ing ndalu sepisan, kula badhe ngaturaken bilih upacara bersih desa ingkang kita wiwiti kanthi reresik griya, pakarangan sakupengipun dhusun, saha makan lan kramatan sampun dados adat kebiyasaan kita ing saben kalih, upacara bersih desa menika mboten ateges kita hura-hura pesta andrawina ing satengahipun panalangsa ugi reribed gesang ingkang samsaya awrat. Kadosta saking prastawa lemah longsor ugi mindhakipun reregan kabetahahn saben dintenipun. Nanging upacara menika mugi saged dados ajang memerih ati, prihatos kita, kangge menggalihaken malih sadaya kalepatan anggenpun kita manembah dhumateng ngarsanipun tiga, upacara bersih desa menika mujudake pengejawantahan saking raos sukur kita dhumateng Gusti ingkang maha Agung. Inggih awit saking kawelasanipun Gusti ingkang akarya jagad, kita sadaya saged olah tetanen saha ingon-ingon sawenehipun sato kewan kangge kaperluwan gesang kita Wasana Basa Ukara kang mungkasi pidhato lan bisa pangajabCekap semanten atur saking kula, Mugi-mugi kanthi nindakaken upacara bersih desa menika, desa kita tansah ayem tentrem, pikantuk berkah saking Gusti saha resik saking reregedan. mangga kula derekaken sesanti, jaya-jaya wijayanti memayu hayuning bawana. Mugi Gusti tansah ngluberaken sih katresnan dhumateng kula panjenengan Salam PanutupMaturnuwun,Wassalammu’alaikum Wr. nuwun,Gladhen mandiriTindakna kegiyatan-kegiyatan ing ngisor iki!1. Sawise nyinau babagan pidhato, mesthine kowe kabeh wis padha mangerteni perangan-perangane pidhato kanthi sedherhana. Coba saiki gawea teks pidhato! Sadurunge gawe teks, luwih dhisik temtokna tema pidhato. Tema lan isine pidhato iku bebas miturut gadhuke pamikirmu, umpamane pidhato ing adicara pepisahan utawa rapat arep nganakake kegiyatan reresik lingkungan ing Pidhato iku bisa migunakake basa ngoko/basa padinanmu utawa bisa migunakake basa krama alus!3. Kanggo nggampangake anggonmu nulis teks pidhato, kowe kabeh bisa mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki!a. Kepriye salam pambukane?b. Kepriye Purwaka basane?c. Apa kang dadi isi/surasa basane?d. Kepriye Wasana Basane?e. Kepriye Salam Panutupe?UJI KOMPETENSIPilihen wangsulan a, b, c, d utawa e minangka wangsulan sing paling bener!Wacan pidhato ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-4PIDHATO PEPISAHAN WAKIL KELAS 9Assalamu’alaikum Wr. Kepala Sekolah SMP Sakti Ngawi ingkang satahu kula bekteni. Bapak/Ibu Guru saha Karyawan SMP Sakti Ngawi ingkang dahat kinurmatan. Kanca-kanca kelas 9 lan adhik-adhik kelas 7 sarta 8 ingkang kula tresnani. Sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat dhumateng sedaya ingkang sami ngrawuhi ing adicara ing siyang pun Prasetya Pamungkas minangka wakilipun kanca-kanca kelas 9 keparenga matur ing ngarsa panjenengan awit sekedhap malih badhe nilaraken sekolahan punika saperlu nglajengaken wonten SMA. Kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kanthi kamurahan, kaiklasan saha katresnan anggenipun nggulawenthah kula sakanca saengga ing UAS/UAN pikantuk biji ingkang sae..Kula minangka wakilipun kelas 9 nyuwun pangapunten menawi wonten tindak tanduk kula sakanca ingkang mboten mranani panggalihipun Ibu Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu Guru salebetipun kula ngangsu kawruh ing sekolahan menika. Kula sakanca ugi tansah nyuwun pangestu supados saget nglajengaken wonten SMA ingkang cekapi sementen atur pamitan kula menawi wonten atur kula saha kirang trapsilaning kula anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra Wr. Pidhato kasebut ditindakake nalika apa?a. Pepisahan Kelas 12b. Pepisahan Kelas 9c. Pidhato Ambal Warsad. Pidhato pambagyaharjaWangsulan b2. Sapa kang nindakake pidhato?a. Ibu Kepala Sekolahb. Bapak/Ibu Guruc. Prasetya Pamungkasd. Ketua OsisWangsulan c3. Geneya kang pidatho njaluk pangestu marang Kepala Sekolah lan bapak utawa ibu guru?a. Kareben bisa nglanjutake ing SMA kang Kareben bisa nglanjutake ing SMAc. Kareben bisa nglanjutake ing SMA lan bisa kerja sampingand. Kareben cita-citane bisa a4. Kena ngapa kang pidhato iku ngaturaken panuwun marang Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu guru?a. Amarga kang pidhato iku wis diweneni kesempatan kanggo maju Amarga kanthi kamurahan, kaiklasan saha katresnan anggone menehi piwulang kabeh bisa lulus oleh biji kang Amarga kanthi kamurahan, kaiklasan saha katresnan anggone menehi piwulang kabeh bisa seneng anggone Amarga wis diwenehi biji kang b5. Pidhato kang isine ngenani carane nanggulangi lelara “demam berdarah” mujudake Pidhato kanthi tujuan…a. menehi panemu marang wong liya c. menehi panglipur marang wong liyab. menehi wangsulan marang wong liya d. menehi pangerten marang wong liyaWangsulan d6. ngandharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh, ing sawijining adicara tartamtu supaya wong akeh mangerteni isine kanthi ancas tujuan ngajak, nakenake, menehi katrangan lan nyenengake wong liya diarani … .a. Sesorahb. Pacelathonc. Gunemand. NembangWangsulan a7. Sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Tembung kang kacethak miring iku duweni teges … .a. Dhumatengb. Karoc. Ngaturaked. Dhawuh Wangsulan c8. Ing ngisor iki kang ora kalebu perangane gawe cengkorongan yaiku … .a. Pambukab. isic. Panutupd. Pamedhoting ukaraWangsulan d9. Ing ngisor iki kang ana gegayutane karo Intonasi wektu mbabar pidhato yaiku … .a. endhek dhuwure swara, alon cepete anggone maca teks bedane swara aksara a, o, d, dh ,t, th lan liya-liyanec. praupan kang kudu mesem, ngguyu manut Banter orane swara anggone maca teks a10. Tema pidhato ing ngisor iki kang cocok kanggo menehi panglipur marang para pengungsikurban njebluge Gunung Merapi yaiku…a. nyritakake akehe cacah kurban njebluge Gunung Merapib. nyaritakake akehe cacah kang ngungsi amarga saka njebluge Gunung Merapic. ngabarake yen aktivitase Gunung Merapi isih tetep dhuwurd. ndongengake crita Jaka Tingkir marang para kurban njebluge Gunung MerapiWangsulan d11. Panutuping sesorah iku prayogane ngandharake babagan … .a. Puji sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agungb. Wosing sesorahc. Pitepungan marang para pamiarsad. Nyuwun pangapura menawa ana salah anggone maturWangsulan d12. Bapak saha Ibu ingkang kinurmatan, ing saben tanggal 10 Nopember bangsa Indonesia tansah mengeti dinten ageng inggih punika dinten pahlawan kados sampun kacetha bilih rikala tanggal 10 Nopember 1945 ing kutha Surabaya wonten prastawa perang ageng antawisipun arek-arek Surabaya…Ana ing pidato wedharan ing dhuwur kalebu…a. Purwaka c. Wigatining wacanab. Isi d. WusanaWangsulan b13. “Bapak Kepala Sekolah SMP Sakti Ngawi ingkang satahu kula bekteni. Bapak/Ibu Guru saha Karyawan SMP Sakti Ngawi ingkang dahat kinurmatan. Kanca-kanca kelas 9 lan adhik-adhik kelas 7 sarta 8 ingkang kula tresnani. Sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat dhumateng sedaya ingkang sami ngrawuhi ing adicara ing siyang punika.”Prathelan pidhato ing dhuwur kalebu perangane … .a. salam pambukab. Purwaka basac. Surasane basad. Wasana BasaWangsulan b14. “Kula pun Prasetya Pamungkas minangka wakilipun kanca-kanca kelas 9 keparenga matur ing ngarsa panjenengan awit sekedhap malih badhe nilaraken sekolahan punika saperlu nglajengaken wonten SMA. Kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kanthi kamurahan, kaiklasan saha katresnan anggenipun nggulawenthah kula sakanca … “Prathelan pidhato ing dhuwur kalebu perangane … .a. salam pambukab. Purwaka basac. Surasane basad. Wasana BasaWangsulan c15. Ing ngisor iki kang ana gegayutane karo Wasana Basa yaiku … .a. Ukara kang mungkasi pidhato lan bisa pangajabb. isine pidhatoc. Atur pakurmatan, Puji syukur dhateng ngarsaning Gustid. Salam PanutupWangsulan a16. Metodhe Pidhato kanthi cara migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung diarani … .a. Cara naskahb. Cara apalanc. Cara impromptud. Cara ekstemporanWangsulan a17. Kang diarani metodhe pidhato kang migunakake cara ekstemporan yaiku … .a. Pidhato kang ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi Pidhato kanthi cara nyawisake naskah teks banjur Pidhato kanthi cara migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi Pidhato kang nggawa cathetan cilik kang isine balunganing d18. Ing ngisor iki jinising unggah-ungguh basa Jawa, kajaba … .a. Ngoko lugub. Ngoko alusc. Krama lugud. Krama inggilWangsulan d19. Supaya bisa nampa pidhato kang kasemak, kang kudu ditindakake kaya ing ngisor iki, kajaba …a. Nggambarake sajroning pikiranb. Ngumpulake katranganc. Manggihake pola organisasi informasid. Nyathet katrangan kang ora wigatiWangsulan dWacan ing ngisor iki kanggo mangsuli no. 17 - 20Upacara Tawur Agung…………………………………………………………………………………………………. Upacara Tawur Agung kang digelar ing plataran candi Prambanan kalebu upacara Bhuta Yadnya. Tegese upacara kanggo reresik utawa nyuceni alam donya utawa semesta kang manut panemune umat Hindu iku dumadisaka bhuwana ageng makrokosmos lan bhuwana alit mikrokosmos. Ewoning umat Hindu kanthi meneng-menengan ora gidhuh ing swara nindakake sakabehing rerangkening acara Tawun-Agung. Kawiwitan jam WIB kabeh padha sila ing gelaran ngrungokake pitutur-¬pitutur bab agama Hindu saka Sekretaris Jendral Parisada Hindhu Dharma Indonesia Sekjen PHD! Adi Sucipto. Intining pitutur yaiku manawa manungsa. Iku mujudake jagad Cilik kang minangka gambaran jagad gedhe. Manawa ing jagad ageng ana kewan aran tikus semono uga ing jagad Cilik, sajroning pribadining manungsa uga ana watak kaya tikus kasebut. Agama iku minangka ilmu kanggo ngregani manungsa, lan kanggo bisa nduweni sakabehing iku kudu lelaku jumbuh karo unen-unen ngilmu iku kalakone kanthi laku.………………………………………………………………………………………………….6. Upacara tawur agung kang digelar ing plataran candhi Prambanan kalebu upacara Bhuta Yadnya tegese … .a. jagad gedhe makrokosmosb. jagad cilik mikrokosmosc. upacara kanggo reresik/nyuceni donyad. nyambut taun anyar sakaWangsulan c20. Ing upacara Tawur Agung umat Hindu padha meneng-menengan ora ... ing nindakake sakabehing rerangkening upacara tawur was-wasb. gidhuhc. nesond. padudonWangsulan b21. Wacan ing ndhuwur kang dadi pokok gagasane yaiku ….a. Candhi Cacahe umat Hindu sing teka ing upacara Tawur Manungsa pinangka wujude jagad Upacara d22. Miturut upacara ing dhuwur manungsa iku minangka gambaran … .a. jagad gedheb. jagad Cilikc. jagad sedhengand. jagad bumiWangsulan aB. Garapen ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi premati !1. Sesorah Kanggo nampa rawuhe para tamu, tuladhane ana ing acara … lan … .Wangsulan ing pahargyan pesta, Informasi kang arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab kanggo pamirsa, pramila bab kang kajlentrehake kudu gamblang/cetha bisa ditemoni ana ing acara … .Wangsulan sesorah ing rapat utawa promosi barang3. Metodhe pidhato kang ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi lancar diarani Metodhe kanthi cara … .Wangsulan Cara impromptu4. Metodhe pidhato kanthi cara nyawisake naskah teks banjur diapalake diarani cara … .Wangsulan Cara apalan5. “Cekap semanten atur saking kula, Mugi-mugi kanthi nindakaken upacara bersih desa menika, desa kita tansah ayem tentrem, pikantuk berkah saking Gusti saha resik saking reregedan.” Prathelan pidhato iku kalebu … Wasana Basa6. Embah … sandhiwara basa jawa saking Radhio Swara Slenk saben dina jam wolu wengi. Wangsulan Midhangetaken7. Tugas iki kudu dikumpulake ing kantor Tugas punika kedah dikempalaken wonten kantor Sadurunge nindakake pidhato kudu gawe … luwih dhisik. Wangsulan CengkoronganC. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis !1. Coba jlentrehna apa kang diarani Sesorah iku?Wangsulan ……………………………………………………………………………………………Wangsulan Ngandharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh, ing sawijining adicara tartamtu supaya wong akeh mangerteni isine kanthi ancas tujuan ngajak, nakenake, menehi katrangan lan nyenengake wong liya2. Sebutna apa wae ancasing sesorah iku? Wangsulan ……………………………………………………………………………………………Wangsulan Atur pambagya, atur kabar, pawarta utawi informasi, atur panglipur / hiburanlan pangajak3. sebutna apa wae kang kudu digatekake nalika mbabar pidhato?Wangsulan ……………………………………………………………………………………………Wangsulan Pamedhoting ukara, Swara, Lafal, Intonasi, Ekspresi/solah bawa4. Coba gawea tuladha pambukane pidhato ing acara pepisahan kelas 9 ing SMP mu! Wangsulan …………………………………. Wangsulan Miturut Panemu Siswa5. Ukara-ukara ing ngisor iki gantinen nganggo basa krama alus!a. Aku arep ngenalake kowe karo Kowe lunga menyang pasar arep tuku apa?Wangsulan ………………………………….Wangsulan Miturut Panemu Siswaa. Kula badhe nepangake panjenengan kaliyan kanca Panjenengan tindak dhateng peken badhe mundhut punapa?STANDAR KOMPETENSI1. MendengarkanMampu mendengarkan dam memahami wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa2. BerbicaraMampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan perasaan secara lisan melalui bercerita dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa jaa sesuai unggah-ungguh3. MembacaMampu membaca bacaan sastra, non sastra dalam berbagai teknik membaca dan bacaan berhuruf Jawa4. MenulisMampu mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat dan perasaan dalam berbagai jenis karangan menggunakan ragam bahasa jawa sesuai unggah-ungguh dan menulis paragraph sederhana berhuruf mendengarkan bercerita tentang peristiwa membaca paragraph berhuruf jawa yang menerapkan aksara menulis paragraph berhuruf jawa yang menerapkan aksara NYEMAKNyemak pidhatoSemaken pidhato kang diwacakake dening kanca utawa Bapak/Ibu gurumu ing ngisor iki! PIDHATO SAMBUTAN KETUA PANITIAAssalammu’alaikum Wr. nuwun,kasarasan, karaharjan, miwah kawilujengan mugi tansah tinampi dhumateng panjenengan sedaya saha kula bekteni Bapak Kepala Sekolah, para bapak saha ibu guru SMPN Harapan Bangsa Purworejo, ingkang kula kurmati para karyawan-karyawati, saha ingkang kula tresnani para siswa-siswi SMPN Harapan Bangsa PurworejoIngkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngonjukaken puja-puji sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, awit kanthi kawelasanipun kula panjenengan sedaya taksih saged makempal wonten panggenan mriki kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal Ibu Guru ingkang kinurmatan, saha para siswa-siswi sedaya, kula sulihsalira saking panawung krida ngaturaken agung matur nuwun amargi bapak saha ibu guru sedaya saged rawuh wonten ing adicara pepisahan menika. Salajengipun kula ngaturaken matur nuwun ugi dhateng pengurus OSIS ingkang sampun nyumbangaken tenaga lan penggalihipun saengga adicara menika saged kaleksanan kanthi saha ibu guru ingkang kinabekten, wonten ing adicara menika kula minangka panawung krida ngaturaken pangapunten mbokbilih kathah kalepatan anggenipun nyaosi papan palenggahan lan samudayanipun, kula nyuwun agunging siswa siswi SMPN Harapan Bangsa Purworejo ingkang kula tresnani. Mugi2 panjenengan sedaya ingkang sampun ngangsu kawruh wiwit kelas VII dumugi Kelas IX menika, saged nglajengaken piwulangan ingkang sampun dipun-tuladhani dening Bapak utawa Ibu guru saha saged ngetrapaken wonten ing panggenan panjenengan sedaya, mugiya ngilmu menika saged migunani dhateng agama, bangsa saha bapak, para ibu guru saha siswa-siswi sedaya ingkang kinurmatan, cekap semanten atur kula. Mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana kathah kalepatan saha kirang kula ngaturaken agunging samudra Wr. MandiriRampungna pitakonan ing ngisor iki tanpa maca wacan ing dhuwur!1. Ing ngendi pidhato iku mau katindakake?Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan SMPN Harapan Bangsa Purworejo2. Tulisen apa kang dadi isine ing pidhato kasebut !Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan Pidhato Sambutan Ketua Panitia ing adicara pepisahane kelas lX SMPN Harapan Bangsa Purworejo, ngaturake maturnuwun marang Bapak/Ibu guru amarga wis bisa rawuh lan maturnuwun uga marang pengurus OSIS kang wis menehi pambyantu saengga acara iku bisa kaleksanan kanthi Apa kang dadi pangajabe ketua panitia marang siswa-siswi kelas VII?Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan Supaya bisa nglanjutake piwulangan kang wis dituladhani dening Bapak utawa Ibu guru lan bisa ngetrapake ing panggonane Marang sapa wae ketua panitia pepisahan iku ngaturake matur nuwun?Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan Bapak / ibu guru lan pengurus OSIS5. Apa kang dadi dhasare ketua panitia pepisahan iku ngaturake pangapunten?Wangsulan ………………………………………………………………..Wangsulan Amarga menawa dadi ketua panitia ana kalepatan anggone menehi papan palenggahan lan Kawruh tembung garbaTembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru 1. dadi + ewuh = dadi dadyewuh tegese ora gampang, sarwa ewuh2. dhemen + anyar = dadi dhemenyar tegese senenge yen isih anyar3. jalu + estri = dadi jalwestri tegese lanang wadon4. kapireng + arsa = dadi kapyarsa tegese keprungu5. lebda + ing = dadi lebdeng tegese mumpuni, pinter ing6. lumebu + ing = dadi lumebeng tegese mlebu ing7. maha + raja = dadi maharja tegese ratu linuwih8. maha + resi = dadi maharsi tegese pendhita linuwih9. mardika + ing+rat = dadi mardikengrat tegese ing jagad/donya10. murba + ing = dadi murbeng tegese kuwasa ing11. nara + indra = dadi narendra tegese ratuning jalma12. nata + ing = dadi nateng tegese ratu ing13. prapta + ing = dadi prapteng tegese teka ing14. prawira + utama = dadi prawiratama tegese prajurit utama/senapati15. sami + arsa = dadi samyarsa tegese padha arep16. sira + iku = dadi sireku tegese kowe iku17. siti + inggil = dadi sitinggil tegese lemah sing dhuwur papane18. sumbang + asih = dadi sumbangsih tegese weweh kanggo tandha asih19. tumeka + ing = dadi tumekeng tegese tekan ing20. wira + utama = dadi wiratama tegese prajurit utama/senapatiB. MICARANyebutake underaning topik prastawaKarangan utawa tulisan iku kabangun saka paragraph utawa alinea-alinea sing manunggal. Saben paragraph kabangun saka ukara-ukara sing runtut lan cetha jumbuh karo paramasastra. Dene ukara-ukara mau dumadi saka ukara lajer kang mujudake gagasan utama lan ukara penjelas sing njelasake kanthi tlesih ukara lajer mau. Pawarta ing ngisor iki nate dadi peristiwa kang aktual ing wewengkon Indonesia, yaiku ing wulan November 2010 kepungkur. Mesthine kowe isih padha kelingan kedadean iku eling-elingen maneh prastawa njebluge merapi kanthi maca wacan ing ngisor iki!Merapi Mbledhos ManehDina senen esuk tanggal 1 november 2010 gunung merapi mbledhos maneh. Pambledhose merapi sing nggegirisi iki dumadi jam WIB sing diwiwiti kanthi lindhu alon lan wutahan material saka wadhuke gunung geni mau. Sawise iku wedhus gembel awan panas ambal-ambalan njedhul saka pucuking merapi ndedel ngakasa nganti 1,5 pengamatan saka ruang monitoring aktivitas Gunung merapi ing kantor BPPTK, jalan Cendana Yogyakarta, wedhus gembel ngener mangidul liwat kali Gendhol lan kali Wara kanthi jarak luncur kurang luwih 4 kilometer. Sauntara iku wedhus gembel isih susul sumusul kumelun nggembuleng kanthi ajeg nganti jam Ewadene abu vulkanik arupa keluk asap sulfatara warna putih lan keluk soklat semu pliket, ambal-ambalan diwutahake, mumbul nggayuh akasa mungah nganti 1,5 meter dhuwure. Sabanjure kentir angin sing ngiyup saka kulon ngener ngetan lan ngalor prenahe yaiku laladan Kabupaten suwe sabubare bledhosan sepias iku, wedhus gembel ndedel mumbul maneh saka pucuke Gunung Merapi. Nanging ora nuwuhake anane lindhugempa. Bab iki disebabake amarga kubah Merapi wis monitoring sismograf nuduhake energi sing diwetokake Merapi ing wktu mbledhos jam gedhene RSAM/1000. Energi iki luwih cilik Manawa katandhing energi sing diwetokake pas dina mingu 31 Oktober 2010 sing nganti RSAM Unit/1000Mbledhose Merapi senen esuk urut-urutane kanhi kronoogis yaikuJam dumadi lindhu alon nanging ajegJam dumadi wutahan cilik nganti sedhengJam dumadi wutahan gedheJam nganti ngetokake wedhus gembel sepisanJam nganti ngetokake wedhus gembel kapindhoJam nganti ngetokake wedhus gembel kaping teluJam nganti ngetokake wedhus gembel kaping papatJam ngati ngetokake wedhus gembel kaping limaJam ngetokake wedhus gembel sing kaping enem Kapethik saka KajawakakenGladhen Mandiri 1Sawise kowaca wacan “Merapi Mbledhos Maneh”, banjur golekana ukara lajere utawa intisarine saben-saben paragraph kaya tuladha ing ngisor iki!TableParagraph ukara lajereSiji Dina senen tanggal 1 November 2010 jam Gunung merapi mbledhos manehWangsulan kawicaksanan guruGladhen Mandiri 2Manawa ukara lajere saben-saben paragraph wis kotemokake, kanthi adhedhasar ukara lanjer iku mau, coba critakna ana ngarep kelas kanthi patrap tangan ngapurancang lan pasemon kang sumringah. Dibudidaya tanpa maca cathethan, ewodene lali kena dibukak cathetanmu. Nanging, luwih becik lan nengsemake angone crita, Manawa tanpa maca cathetanmu crita bisa luwih nandhes ing critane kancamu sing maju ing ngarep kelas, sinambi nungu giliran maju. Tindakna kanthi gentenan!Wangsulan siswa nindakake prentah. Bapak/Ibu guru maringi MACAMaca aksara jawa rekanTata tulis aksara jawa iku wujude ana maneka warna, yaiku aksara legena utawa aksara dentawyanjana, aksara pasangan, sandhangan, aksara swara, aksara murda, angka jawa lan aksara rekan yaiku aksara sing direka kanggo nandhani aksara sing asale saka basa manca, utamane basa arab. Aksara kasebut diciptakake karana aksara jawa sing cacahe 20 mau durung nyukupi. Dene wujude aksara rekan yaiku rupa aksara jawa, nanging ing ndhuwure diwenehi tandha cecak tlu. Aksara rekan tuladhane kaya ing ngisor Mandiri 1Coba tembung-tembung kang nggunakake aksara rekan iki wacanen!p+ki/misKin\ Fakir miskink+lil\ khalilAf+n\ Adzanj+kt\ Zakatg+p+u/ ghafurGladhen Mandiri 2paragraph kang nganggo aksara rekan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!Munggah kajipak ghazali lagi wae munggah kaji karo garwane yaiku bu fatimah. Rawuhe ngasta banyu zam-zam, tangga teparone padha diparingi sithik-sithik, Semana uga kulawargaku. Sawise kuwi kulawargane pak ghazali nganakake acara tasakuran kang ngundhang mubaligh jenenge ustadz zainudin. Ing acara kuwi kabeh padha seneng lan ngucapake panuwun marang pak ghazali lan bu Fatimah.?mu=ghkji?pkG+j+lilgiw[amu=ghkjik[rog/w[nyaikubup+ pkG+j+liznkK[kacrtsku/rnK=zunD=mublig+\jen_[zUstf+\j+ainufin\,ai=acr kuwik[bhpdsen_lnZcpH[kpnuwunMr=pkG+j+lilnB p+ nulisnudhuhake aksara jawa rekanSawise gladhen maca aksara jawa kang nggunakake aksara rekan ing dhuwur, coba saiki gentian gladhen nulis aksara jawa rekan!Gladhen Mandiri 1Ing ngisor iki ana tulisan jawa kang nggunakake aksara rekan kaya ing dhuwur bab C, coba saiki tulisen maneh aksara jawa iku kanggo gladhen, lan tudhuhna endi sing dadi aksara rekan! banjur tulisen ing tengene!TableNo. aksara latin aksara jawane aksara rekaneziarah kubur j+iarhkubu/ j+dzikir f+iki/ f+Fatimah p+timh p+zamratin j+m]tin\ j+vitamin p+itmin\ p+ghaib g+aib\ g+khatib k+tib\ k+dzalim [f+olim\ f+khutbah k+utBh k+ghazali g+j+li g+Gladhen Mandiri 2Ayo padha gladhen nulis aksara jawa kang mawa aksara ing ngisor iki gantinen dadi aksara jawa. Tulisen sangisore ing papan kanggo nggarap, ing kono wis ana aksara jawane ananging during komplit. Tugasmu ngompliti aksara jawa iku supaya wacane kaya ing paragraph “Kampuse kakangku” ing ngisor iki! Garapen kanthi tliti, bisa uga mbukak buku utawa nyuwun pirsa marang Bapak/Ibu gurumu!Kampuse Kakangku1Aku duwe kakang sing jenenge mas Zainudin, dheweke kuliyah ing Sukoharjo. 2Kampuse jenenge Universitas Veteran Bangun Nusantara, kang manggone sacedhake kantor bupati Sukoharjo. 3Ing kana kakangku kuliyah ing fakultas keguruan lan ilmu pendhidhikan jurusan bahasa lan sastra Jawa. 4Manawa sore sabubare kuliyah, mas Zainudin melu kegiatan mahasiswa olahraga voli. 5Jarene kakangku kegiyatan mahasiswa ing kana akeh banget. 6Mbesuk Manawa wis lulus, aku kepingin kuliyah ing kampuse kakangku.?kmPu[skk=ku1?akufu[wkk=si=jen_[zmsJ+ainufin\[d[w[kKkuliyhai=su[koa/[jo.2kmPu[sjen_[zUnipe+/sit[sP+ternBzunNsnTr,k=m=[go[nsced[kKk[nTo/buptisu[koa/[jo.3ai=knkk=kukuliyhai=p+kulTsKeguruanLnHilMpenDidiknJrusnBaslnSsÃ’`jw.4mnw[so[rsbub[rkuliyh,msJ+ainufi[nMlukegiytnMasisWOlhrg[p+oli.5j[r[nkk=ku kegiytnMasisWai=kna[khbzet\,6a[mBsukMnwwisÓlus,akukepizinÃliyhai=kmPu[skk= KOMPETENSIPilihen wangsulan a, b, c, d utawa e minangka wangsulan sing paling bener!Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-7A mbokmanawi rawuh panjenengan sampun ajejawat asta dhumateng temanten kekalih sumarambah bapa tuwin ibu kekalih, panjenengan sedaya kadherekaken makempal kembul bojana kanthi prasaja ingkang sampun lumados wonten ngarsa panjenengan sedaya kanthi mardikaning penggalih. Mbokmanawi dhaharan arupi jajan pasar nagasari, randhakemul, semarmendem, endhog gludhug, jenthikmanis, lan unjukan kirang miraos lan kirang mranani karemenan panjenengan, Bapa Sukistiyarno sakulawga nyuwun agunging pangaksami. Tanpa hangirangi pakurmatan dhumateng panjenengan sedaya, anggen panjenengan dhahar lumantar linadosan sinoman, pramila kersaa hangrahapi kanthi mardikaning Cekap semanten aturipun Bapak Sukistiyarno lumantar kula pun Mardiyanto, mbokmanawi wonten lepating atur, tatakrami, unggah-ungguh anggen kula matur kula nyuwun agunging samodra pangaksama. Nuwun. Wassalamualaikum wr Pethikan wacan kasebat arupi ... . b. pacelathon d. pidhatoWangsulan d2. Perangan A ana ing pethikan kasebut diarani ... . a. pambuka Wangsulan b3. Perangan A ana ing pethikan kasebut mratelakake manawa anggone dhahar lan ngunjuk para tamu kanthi.... dening sing kagungan kersa mundhutaken ingkang kagungan kersac. dipundhutake para sinoman mundhut dheweWangsulan c4. Perangan B ana ing pratelan kasebut diarani ... . a. pambuka Wangsulan c5. Perangan B ana ing pratelan kasebut sing matur iku minangka sulihe ... . a. Bapak Sukistiyarno b. Bapak Wasana c. Bapak Mardiyantod. Bapak Sukistiyarno lan Bapak MardiyantoWangsulan a6. Andharan kasebut diaturake ana ing adicara … . a. sukuran khitan b. mantu c. selapanan d. sewindonanWangsulan b7. Sapa kang ngaturake pidhato ing dhuwur?a. Bapak Sukistiyarno b. Bapak Wasana c. Bapak Mardiyantod. Bapak Sukistiyarno lan Bapak MardiyantoWangsulan c8. Ing ngisor iki kang ora kalebu tembung garba yaiku … .a. maharjab. narendrac. sumbangsihd. jenthikmanisWangsulan d9. “Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngonjukaken puja-puji sukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.”Ukara ing dhuwur kang minangka tembung garba yaiku … .a. Sepisanb. Ngonjukakenc. Murbengd. DumadiWangsulan c10. “Panjenenganipun bapak-bapak, ibu-ibu tamu undhangan siswa-siswi SMA Jaya Siswa, sarta para rawuh ingkang dahat kinurmatan. Langkung-langkung katur sedherek Rahma Astiti ingkang satuhu bagya mulya. Para kadang mudha - mudhi ingkang tansah tinangkeban raosing kekadangan rinaket ing kekancan.”Pethikan pidhato kasebut ana ing perangan … . b. isi panutupWangsulan a11. Bapak Bupati atur sesorah marang para siswa kang dadi duta Jambore Nasional. Tembung atur ora trep unggah-ungguhe yen ditrepake ing ukara kuwi, benere diganti … .a. Awehb. Sukac. Caosd. ParingWangsulan d12. Tatik “Saiki wis klakon, saben bengi desane dhewe padhang kencar-kencar kaya kutha,amarga listrike wis mlebu desane dhewe.” Totok “Sawise listrike mlebu desa, awake dhewe yen sinau padhang jingglang ora kaya dhek listrik durung mlebu desa ya, Mbak?”Pacelathon ing dhuwur surasane ngrembug babagan ....a. padhang kencar-kencarb. Listrik mlebu desa c. listrik durung mlebu desad. yen sinau padhang jingglangWangsulan b Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 13 lan 14 “Miturutku, Pamerintah, rakyat, lan Bakrie grop kudu bareng-bareng ngatasi lendhut lapindo. Rakyat uga aja amung nuntut wae menyang pamerintah . Pamerintah uga lagi ngatasi lendhut lapindo. Lan Sanajan Mahkamah Agung wis mbebasake Lapindo saka sakabehe tuntutan lan uga kepolisian ngandhakake penyilidikan ananging Bakrie grop kudu tetep tanggung jawab amarga PT. Lapindo Brantas kuwi perusahaane dheweke.”13. Ing ngisor iki kang ana gegayutane karo paragraph ing dhuwur yaiku .. .a. PT. Lapindo Brantas kuwi perusahaane Bakrie gropb. Pamerintah kudu bisa ngatasi lendhut lapindoc. Mahkamah Agung ora mbebasake Lapindod. Bakrie grop wis ora duwe tanggung jawab ngenani lendhut lapindoWangsulan a14. Paragraph ing dhuwur kalebu … .a. Paragraph kang nduduhake pitakonanb. Tanggepan ngenani Kedadean Lendhut Lapindoc. Panemune Bakrie grop nalika diwawancaraid. Demo korban lapindoWangsulan b15. Jeruk kuwi ngandhut vitamin C. tembung ing ukara iku kang migunakake aksara rekan Manawa ditulis nganggo aksara jawa yaiku … .a. jeruk\b. kuwic. znÔt\d. p+tmin\Wangsulan d16. “Multifungsi” Manawa ditulis nganggo aksara jawa dadi … .a. mulTipu=sib. mulTipu=s+ic. mulTip+u=sid. mulTipu+siWangsulan c17. ?pkJ+ainlFfi … ,[f[nliy[nmkMm\,a. aim+m\b. amm\c. aimm\d. aimmWangsulan c18. ?pkG+j+lilgiw[amu=ghkjik[rog/w[nyaikubup+ sing lagi munggah haji?a. pkG+j+lilnBp+timhb. pkG+j+lc. bup+timhd. pkG+j+lilnBp+tim\Wangsulan a19. k+tibLgik+utBh aksara jawa iku wacane … .a. khatib lagi khutbahb. khatib lagi pidhatoc. khatib lan khutbahd. khutbah lan khatibWangsulan a20. gunu=merpiaikubisze[tokK[k …a. la/lnLemhb. la/lnWedu[sG[mBl\c. la/lnMfud. la/lnÔwit\Wangsulan bIsinana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!1. Bapak Kepala sekolah ingkang kinakbekten, bapak saha ibu guru ingkang pantes sinudarsana. Tembung kang kacethak miring iku tegese … .Wangsulan wong sing dibekteni2. jeneng liyane sesorah yaiku … .Wangsulan pidhato3. “griyanipun risak, bandhadonya lan raja kaya ical, dereng malih asil tetanenipun sami ludhes telas. Wekdal punika para sedherek ingkang nedheng ketaman bencana kasebat sanget angrantu panyumbang.” Prathelan sesorah iku kalebu rantaman sesorah kang diarani … .Wangsulan Surasa basa/isi4. “Mekaten atur saklimah saking kula minangka sulihipun kadang-kadang siswa-siswi SMP Jaya Siswa. Nyuwun agunging pangapunten manawi wonten lepating atur kula, kiranging suba sita miwah tumpang suhing basa lan sastra, kula lan nyenyadhong agunging samodra pangaksami Wr. Wb.”Prathelan sesorah ing dhuwur kalebu perangane … .Wangsulan panutup5. Saderengipun nindakaken pidhato kedah damel cengkorongan ingkang dumados saking tigang perangan. tigang perangan iku yaiku … .Wangsulan pambuka, isi, panutup6. Joko tingkir jumeneng ing kang kacithak miring iku nduweni teges … .Wangsulan lemah sing dhuwur papane7. Tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan diarani … .Wangsulan Tembung garba8. tembung “sumbangsih” iku kedadean saka tembung … lan tembung … .Wangsulan sumbang lan asih9. [aolhrg[p+oliaikusxguan ... .Wangsulan 6 / 610. Wangsulana pitakonan iki nganggo aksara iku gunane kanggo ... yaiku gilir gumantine angin, amrih [p+nTilsi Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener lan pener!1. Coba gawea tuladha pambukane pidhato ing acara kamardikan RI ing desamu! Wangsulan …………………………………. Wangsulan kawicaksanan guru2. Tembung ing ngisor iki rakiten kareben dadi Tembung garba kang trep, lan wenehana tegese!a. maha + raja =tegeseb. nata + ing =tegesec. wira + utama = tegesed. dhemen + anyar =tegeseWangsulan C1a. maha + raja = dadi maharja tegese ratu linuwihb. nata + ing = dadi nateng tegese ratu ingc. wira + utama = dadi wiratama tegese prajurit utama/senapatid. dhemen + anyar = dadi dhemenyar tegese senenge yen isih anyar3. Sebutna 3 tuladha kedadean kang wis nate dadi pawarta aktual ing Indonesia!Wangsulan jebluge gunung merapi, lindhu ing Jogjakata, kacilakan pesawat sukhoi ing gunung salak. utawi kawicaksanan guru4. Aksara latin ing ngisor iki gantinen nganggo aksara ngombe banyu zam-zam Wangsulan …………………………………. Wangsulan p+timh[zo[mBbvuj+mJ+m\ 5. Aksara jawa ing ngisor iki gantinen nganggo aksara latin.?bzunLgi[foln[nP+oliWangsulan ………………………………….Wangsulan Bangun lagi dolanan voli MATERISEMESTER 1. PERTEMUAN DARING 1 : UNSUR INTRINSIK CERKAK. PERTEMUAN DARING 2 : MENGANALISIS UNSUR INTRINSIK. PERTEMUAN DARING 3 : UNSUR BAHASA TEKS CERKAK. PERTEMUAN DARING 4 : UNGGAH-UNGGUH BASA. PERTEMUAN DARING 5 : ULANGAN HARIAN. PERTEMUAN DARING 6 : RAGAM BASA LAN BASA RINENGGA.
Berikutini PPT presentasi Bahasa Jawa kelas 9 dengan materi teks laporan observasi: Selamat belajar! (*) Tags # Media. Whatsapp. About BANGKIT IRMANUDIN BAHRI Bangkit Irmanudin Bahri adalah penulis blog Sasana Widya Guru. Blog ini merupakan media web log yang berisi pembahasan ringan mengenai pendidikan dan kebudayaan.
ToddPage Juli 10, 2022. Yuk lihat materi matematika kelas 9 semester 1 Contoh Soal PAS Kelas 9 Semester 1 Matematika menjelaskan mengenai contoh persoalan beserta gambaran materi yang kerap muncul pada ujian akhir semester ganjil SMP kelas IX mata pelajaran matematika. Soal matematika kelas 4 pengolahan data bagian 1 a.

RangkumanMateri Bahasa Inggris Kelas 10 Smk Semester 2. Kamu juga dapat menemukan materi semua mata pelajaran yang sedang kamu cari. Expression of showing. Soal Bahasa Jawa Kelas 11 Semester 1 Dan Kunci Jawaban - IlmuSosial.id. 12++ Contoh Soal Ujian Bahasa Inggris Kelas 10 - Kumpulan Contoh Soal

MateriBahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 Kurikulum 2013 Guru Ilmu. Berikut dibagikan media ajar ppt kelas 10 11 12 sma kurikulum 2013. Pada bab i siswa diajak mengenal, memahami, dan menyusun teks eksemplum,. Kalau pas ada soal pilihan ganda yang sulit, maka gunakan metode eliminasi. Agus Trianto, Titik Harsiati , Dan E.

PrabuRama sawadya bala nglurug menyang Alengka njaluk baline dewi sinta,akhire dadi perang rame,Prabu Rama menang perange lan Dasamuka bisa bali ketemu mane karo Prabu Rama. III. Panutup. Sawise bocah -bocah ngerti isine ringkes critane "Rama lan Laksmana kelangan Shinta"mula pitakon -pitakone ing halaman 14 a-b.aja lali:

46tuhdE.
  • y1mt4w3grv.pages.dev/64
  • y1mt4w3grv.pages.dev/685
  • y1mt4w3grv.pages.dev/969
  • y1mt4w3grv.pages.dev/628
  • y1mt4w3grv.pages.dev/494
  • y1mt4w3grv.pages.dev/57
  • y1mt4w3grv.pages.dev/125
  • y1mt4w3grv.pages.dev/955
  • y1mt4w3grv.pages.dev/714
  • y1mt4w3grv.pages.dev/982
  • y1mt4w3grv.pages.dev/675
  • y1mt4w3grv.pages.dev/283
  • y1mt4w3grv.pages.dev/798
  • y1mt4w3grv.pages.dev/447
  • y1mt4w3grv.pages.dev/719
  • materi bahasa jawa kelas 9